Assalamu’alaikum Wr.Wb
Alhamdulillahirabbil’alamin Wassolatuwassalamu’ala asrofil anbiyai wal mursalin nabiyyina Muhammadin wa’ala Alihi wassohbihi ajma’in, Amma Ba’du.
Wonten ngarsanipun Bapak Hidayaturrohman, Sarjana Pendidikan ingkang kinurmatan
Wonten ngarsanipun para pepunden, pinisepuh, sesepuh ingkang kinabekten
Bapak Dukuh, Bapak RT ingkang kinurmatan
Bapak-bapak, Ibu-ibu sagung jama’ah ingkang manggih begja mulya
Minangka purwakaning adicara wonten ing ndalu menika wontena keparengipun kula ngunjukkaken puji syukur wonten ing ngarsa Dalem Allah SWT awit saking rahmat sarta hidayahipun kula saha Panjenengan sedaya saget kempal manunggal wonten ing masjid An-nuur menika ingkang saperlu ngawontenaken pengaosan nyambet wontenipun warsa enggal 1 Muharrom 1429 H.
Shalawat miwah salam mugi tansah kajiwa kasalira dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW ugi dumateng garwa putra lan sedaya penderekipun ngantos dumugi pungkasing jaman, amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Bapak Ibu saha jama’ah ingkang kinurmatan salajenipun keparenga kula ngaturaken rantaman adicara wonten ing dalu menika, mekaten :
Minangka adicara ingkang kapisan pambuka
Saksampunipun adicara kapurwakan kanthi waosan basmallah saklajengipun badhe dipun waosaken ayat-ayat suci Al-Qur’an dening adik Ayu lan saritilawah ………………
Ndungkap adicara ingkang angka kalih atur sapala saking pengurus ta’mir masjid An-nuur ingkang mangke badhe dipun salirani ketua Ta’mir Masjid An-nuur panjenenganipun Bapak Sumardi.
Minangka adicara ingkang angka tiga inggih menika pengaosan inti, wondene ingkang badhe medar sabda panjenenganipun Bapak Hidayaturrohman, S.Pd.
Lan minangka adicara ingkang pungkasan panutup.
Mekaten bapak-bapak ibu-ibu menggah rantaman urutaning adicara wontening dalu menika.
Salajengipun ngengingi wekdal sampun ndungkap titi wancinipun mangga adicara wonten ing ndalu punika kita purwakani kanti waosan BASSMALLAH.
Mugi-mugi kanti waosan basmallah kala wau adicara wonten ing dalu menika saget kaleksanan kanti gangsar rancag nir ing sambekala, amin yaa rabbal ‘alamin.
Salajengipun badhe dipun waosaken ayat-ayat suci Al-Qur’an dening adik Ayu lan saritilawah ………………..,. Dumateng adik Ayu saha ………………………. kula sumanggaaken. (Bacaan Al-Qur’an)
Shodaqallahul ‘adzim….Mekaten waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an dening adik Ayu saha………………………
Salajenipun atur sapala saking Ta’mir Masjid An-nuur ingkang badhe dipun aturaken Panjenenganipun Bapak Sumardi, dumateng bapak Sumardi kula sumanggaaken. (Pidato Pak Mardi)
Genging panuwun kula aturaken dumateng Bapak Sumardi ingkang sampun kepareng paring pangandikan awit naminipun Ta’mir masjid An-nuur Peni.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika pengaosan inti saking Panjenenganipun Bapak Hidayaturrohman, S.Pd, pramila dumateng Bapak Hidayaturrohman, S.Pd kula sumanggaaken. (Pengajian Bapak Dayat)
Mekaten wau pengaosan saking Bapak Hidayaturrohman, S.Pd mugi-mugi saget ningkaten iman lan taqwa kita dumateng Allah SWT. Mboten kesupen genging panuwun kula aturaken dumateng panjenenganipun.
Bapak-bapak Ibu-ibu ingkang kinurmatan sakparipurnanipun pengaosan saking panjenenganipun Bapak Hidayatrurrohman, S.Pd kala wau ateges sampun paripurna adicara wonten ing dalu menika, sampun sedaya adicara saking purwa madya dumugi wasana kita lampahi kantun adicara ingkang pungkasan panutup.
Ananging sakderengipun adicara menika kita pungkasi mbokbilih anggen kula nderekaken adicara wonten ndalu menika wonten perkawis ingkang mboten mranani wonten ing penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun pangapunten. Lan saksampunipun adicara wonten ing dalu menika kita tutup, mbokbilih mangke ing ngarsa Penjenengan sedaya sampun lumados pasugatan unjukan saha daharan wontena keparengipun panjenengan sedaya angresepi kanthi suka renaning penggalih.
Mangga adicara pengaosan dalu menika kita pungkasi kanti waosan HAMDALLAH.
Saking kula cekap semanten wassalamu’alaikum wr. wb.
Minggu, 06 Februari 2011
Selasa, 27 April 2010
TEPANGAN
Assalamu'alaikum Wr.Wb.
Nuwun,..
Nyuwun pangapunten, menika minangka seratan kula ingkang kapisan wonten ing blog menika.
Blog menika isinipun inggih seratan-seratan ingkang wonten gandeng cenengipun kaliyan kabudayan jawi, mliginipun adicara upacara adat pahargyan pinanganten. pramila dumeteng sedaya rencng ingkang badhe nderek nguri-nguri budaya jawi mangga sareng-sareg kalih kula...nuwun.
Nuwun,..
Nyuwun pangapunten, menika minangka seratan kula ingkang kapisan wonten ing blog menika.
Blog menika isinipun inggih seratan-seratan ingkang wonten gandeng cenengipun kaliyan kabudayan jawi, mliginipun adicara upacara adat pahargyan pinanganten. pramila dumeteng sedaya rencng ingkang badhe nderek nguri-nguri budaya jawi mangga sareng-sareg kalih kula...nuwun.
Langganan:
Postingan (Atom)